NGGANCARAKE TEKS TEMBANG MACAPAT
Nggancarake tegese ngubah bahasane tembang dadi sing luwih jelas tanpa ngubah maknane lan wujude tembang digawe dadi paragraf.
A. Carane nggancarake tembang macapat.
1. Nggoleki tegese tembung-tembung sing angel ing kamus.
2. Yen wes ketemu tegese, gathukna karo tembung-tembung sing ana ing tembang.
Tuladha:
Tembang Pangkur
Mingkar mingkur angkara tegese ngedhalekake hawa nafsu
Akarana karenan mardisiwi tegese amarga pengen nggulawentah anak
Sinawung resmining kidung tegese dirakit ing tembang kang endah
Sinuba sinukarta tegese kang dihias nganggo irama kang endah
Mrih kertarta pakartining ngelmu luhung tegese supaya dadi perbuatan kang luhur
Kang tumrap woh tanah Jawa tegese kanggone wong ing tanah Jawa
Agama ageming aji tegese agama iku sing utama
Nah, bocah-bocah...supaya luwih paham babagan Tembang Pangkur, ayo di pirsani video ing ngisor iki.
Monggo di klik link niki:
Tembang Pangkur
b. Carane ngganepi cakepane tembang pangkur. ( carane melengkapi kalimat tembang pangkur)
1. tegese/maknane tembung kang dipilih kudu nyambung karo isine ukara.
2. tembung kang dipilih kudu manut pathokan guru wilangan lan guru lagu.
Tuladha: Ayo nggenepi tembang pangkur ing ngisor iki!
Sagung pra waruh ..... ? (8a) digenepi tembung sedaya
Mugi pinayungan nugraha .... ? (11i ) digenepi tembung wekti
Asih resna Allah.... (8 u) digenepi tembung satuhu
Tansaha kesarina ( 7a)
Puja puji syukur saha sembah ... ? ( 12 u) digenepi tembung sujud
konjuk ing ngarsa paduka,
Gusti Allah maha ....? (8i) digenepi tembung suci
Sakmene dhisik yo pelajaran basa Jawa dino iki
mugo-mugo iso dimangerteni lan iso dadi ilmu kang barokah...