Nyemak Teks Profil Tokoh Tartamtu
Raden Ngabehi Ranggawarsita kang asma timure Bagus Burhan, iku tedhak turune Sultan Hadiwijaya saka Pajang. Kanjeng ibune tedhak turune Sultan Trenggana, sultan kang nate jumeneng nata ing kraton Demak Bintara. Dadi Raden Ngabehi Ranggawarsita pancen trahing kusuma, rembesing madu. Eyang buyute kang ajejuluk Yasadipura I, kuwi uga mujudake pujangga Surakarta kang kawentar. Sauntara, kanjeng eyange uga pujangga kang misuwur, kang ajejuluk Yasadipura II.
Nalika nom-nomane, Bagus Burhan kadhawuhan ngenger lansinau marang Kyai Imam Besari pemimpin Pesantren Gebang Tinatar, ing tlatah Ponorogo. Ing tembe, Bagus Burhan dadi pawongan alim kang pinter ngaji. Sarampunge mondhok neng Gerbang Tinatar, Bagus Burhan mulih menyang Surakarta. Bagus Burhan banjur sinengkakake ngaluhur, kaangkat dadi putra wayah, dening Panembahan Buminoto (rayi dalem Sunan Pakubuwana IV). Panjenengane banjur winisuda dadi Carik Kadipaten Anom, ajejuluk Mas Pajanganom.
Bagus Burhan krama karo Raden Ayu Gombak lan banjur ndherek bapa marasepuhe, asmane Adipati Cakradiningrat kang nglenggahi Kadipaten Kediri. Jatu kramane paraga sakloron, lir tumbu oleh tutup, merga saka cocok lan pantese. Ing tembe, bebarengan karo Ki Tanujoyo, Bagus Burhan ngulandara lan maguru menyang Bali. Ana kana, panjenengane kelakon njajah desa milang kori, nyinau sakehing naskah kabudhan, kagungane Ki Ajar Sidalaku.
Bagus Burhan diwisuda minangka Panewu Carik KadipatenAnom ajejuluk Raden Ngabei Ranggawarsita, ngganteni kalungguhane kanjeng eyange, Kyai Yasadipura II. Ora watara suwe, Ranggawarsita diwisuda maneh minangka pujangga Kasunanan Surakarta dening Kanjeng Sunan Pakubuwana VII.
Raden Ngabehi Ranggawarsita nyerat maneka warna reriptan sastra. Panjenengane misuwur minangka juru nujum, kanthi tulus sawernaning guna kasantikan. Ewasemana, senajan nduweni kalungguhan luhur, panjenengane kawentar cedhak karo kawula alit. Malah caket uga karo golongane wong pidak pedarakan. Ing babagan iki, Raden Ngabehi Ranggawarsita bisa nglanggati wicaraning sato kewan.
Reriptane Ranggawarsita akeh banget. Jinising reriptane, lir ngreronce sekar sumawur, maneka warna jinise, kaya ta: dongeng, babad, primbon, lakon wayang, reriptan ngenani basa lan kasusastraan, serat-serat wulang, pranatacara, filsafat, ramalan, nganti “ngelmu kasampurnan „ajaran-ajaran mistik-religius Jawa”. Kejaba kuwi, bebarengan karo sarjana sujana Walanda anama Winter, Ranggawarsita uga kasil nyusun sawijining Bausastra (Kamus) Kawi-Jawi. Kamus mau banget olehe migunani, nganti tekan jaman saiki.
Saka sajerone teks naratif, kita perlu nyemak lelakon wigati sing tau dialami tokoh mau. Semono uga kabeh tumindak sarta pamikir sing bisa didadekake tuladha. Kejaba kuwi, saka wacan para siswa diajak migatekake perangan unen-unen (ungkapan) kang digunakake sajrone teks (katulis miring). Unen-unen mau, awujud paribasan, bebasan, lan saloka.
Unen-unen sajerone teks wacan mau, mangkene:
1. Apa irah-irahane wacan ing dhuwur?
...........................................................................................
2. Unen-unen sajerone teks, nggambarake sapa?
...........................................................................................
3. Sapa asma timure Raden Ngabei Ranggawarsita?
...........................................................................................
4. Kepriye wewatake Raden Ngabei Ranggawarsita nalika timur?
...........................................................................................
5. Apa wae reriptane Raden Ngabei Ranggawarsita?
...........................................................................................
6. Piye patrape Raden Ngabei Ranggawarsita marang wong cilik?
...........................................................................................



