PEMBELAJARAN 2
Nulis Teks Informasi
Carane nulis teks informasi yaiku:
Ø Nyusun teks pawarta : kudu nggunakake pedoman apa, sapa, kapan, ing endi, nyapo, lan kepriye.(5W+1H)
Ø Nyusun teks persuasi : kudu nentokake data/fakta/fenomena sing arep digunakake minangka dhasar kanggo narik kawigaten (perhatian) lan mangaribawani (ngajak).
Nyritakake isi teks informasi
Nyritakake isine teks informasi, kuwi tegese nyritakake isine teks nganggo basane dhewe-dhewe. Paragrap-paragrap kudu bisa dirunut ukara intine. Ing paragrap, ukara inti bisa ing wiwitan paragrap, pungkasan paragrap utawa bisa dirunut ing saben ukara kanthi goleki tembung kunci sing ngubungake ukara karo ukara sateruse ing paragrap.
Bocah-bocah, ayo bebarengan maca teks ing ngisor iki kanthi patitis!
Teks 1: Pawarta
Banjir Bandhang lan Longsor Trenggalek
Bupati Trenggalek Emil Elestianto Dardak ngirim pesen ringkes marang kantor berita Antara, ngandharake yen wis dumadi prahara lemah longsor lan banjir bandhang. Lemah longsor lan banjir bandhang nrajang telung kecamatan ing kabupaten Trenggalek, yaiku kecamatan Munjungan, Gandungsari, lan Kampak. Prahara banjir bandhang lan tanah longsor mau kelakon ing dina Selasa, 16 Agustus 2016 pukul 22.00 WIB, sawise udan deres meh sedina sewengi ora leren. Prahara lemah longsor kang nggawa korban jiwa 1 asal desa Senden Kecamatan Kampak, lagi surut lan bisa ditangani ing ing dina Rabu, 17 Agusutus 2016. Prahara banjir bandhang medhotake kreteg ing dalan sing ngubungake kecamatan Kampak-Munjungan lan Kampak-Gandusari uga ngrendhem ewonan omah. Pedhote kreteg mau nyebabake bantuan kanggo korban prahara banjir bandhang sing diliwatake BPBD ora bisa dikirim kanthi lancar.
Teks 2: Persuasi
Ngopeni Banyu, Sumber Panguripan
Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip, ora bakal bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhake, banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi . Nyatane ing jaman saiki angel banget golek banyu sing resik bebas polusi . Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit - witan sing nandhon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kenek polusi, amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah pomahan uga limbah pabrik. Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged ( tercemar ). Supaya ora kekurangan banyu resik ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit – witan sakiwa tengene sumber! Aja mbuwang sampah lan limbah menyang kali! Mula saka iku ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.
Sakwise maca teks ing ndhuwur, banjur wacanen teks ing ngisor iki lan critakno nganggo basamu dhewe!
Pawarta Tabrakan Lalulintas
Polrestabes Semarang isih nyelidiki sebab saka kecelakaan maut neng dalan Sriwijaya, ngarep TBRS, dina Rabu (6/1) nuli sing ngakibatake loro (2) wong mati. Nganti wingi, polisi durung bisa mriksa Hanif, korban slamet kecelakaan amarga isih nglakoni perawatan neng Rumah sakit.
”Kita
butuh korban sing slamet kanggo dijaluki katrangan awal marang kedadean
kecelakaan kesebut. Mengko yen wis dipriksa bisa meruhi amergane apa,” Tembung
Panit Laka LAKALANTAS Polrestabes Semarang Iptu Jumantri marang Wartawan, dina
Kamis tanggal 7 januari kepengker.
contoh-beirta-dalam-bahasa-jawa-tentang-kecelakaan.
Dheweke nuturake, saka sacacah saksi, kecelakaan sing newaske loro wong kesebut sadurunge mung krungu suwara tabrakan sero. Dikira loro tunggangan saka arah bedha padha mlaku kanthi banter sadurung tubrukan.
”Mbokmenawan pengendara saka arah wetan dalane mudhun lan banter, saka kulon uga banter kuwi sing ora bisa dihindari,” turene.
Salah sawong kanca korban Damar Eko Prasetyo, Hanafi warga dalan Lobak RT06, Tlogobayem, Tembalang isih ndalani perawatan neng RS Roemani lan kondisine kritis.
Hanafi ngalami tatu nang kanggonan rai ngisor tepate neng kanggonan rahang. ”Dheweke isih dirawat neng RS Roemani, Hanafi kuwi sing mbonceng korban Damar Eko Prasetya,” gamblange.
Jenasah pengendara Honda Vario putih umur sekitar telung puluh (30) taun, nduwe awak kurus, kulit werna sawo mateng, ngrambut cendhak kanthi nggunakne klambi putih kembang-kembang wektu iki isih neng kamar mayit RSUP dr Kariadi.
Saka pakoleh penelusuran ing TKP, korban ngrupakne bakul pitik potong neng pasar Karangayu. ”Nanging kanggo mestekne kita arep nglakoke penelusuran lan panggolekan identitas amarga dheweke ora nggawa identitas arepa SIM utawa STNK,” tambahe
TUGAS :
1. Critakno nganggo basamu dhewe teks ing ndhuwur. ( Pawarta Tabrakan Lalulintas)
2. Dikerjakan dalam buku tugas
3. File tugas difoto dan dikirimkan ke Ustad melalui WA

Tidak ada komentar:
Posting Komentar